Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Minggu, 31 Maret 2013

Kancil lan Baya – Dongeng Si Kancil

Kancil lan Baya

Kancil lan Baya Prastawa iki kedaden ana ing zaman peteng dhedhet ning Bumi Jawa, ora ana pepadhang saliyane srengenge, lintang lan rembulan, dunya dikebaki tetanduran rungkut lan gedhe-gedhe, nalikane alas isih jembar, wit-wit gedhe ngadheg mejejer, sawah-sawah ijo royo-royo, omah-omah manungsa durung ngebaki  lemah. Kewan-kewan isa guneman kayata manungsa. Sapa sing kuwat mesthi menang. Ing zaman kuwi ana sawijining kewan, kang awake cilik methentheng, sekel, nanging manis pawakane, yakuwi kang aran Kancil.

           Kancil kuwi kewan sing prigel, seneng srawung karo kanca-kanca kewan liyane. Saking bocah kuwi pinter, kadang kala kanca-kancane nganti salah ngira menawa Kancil ki Bocah Nakal. Kancil sing diarani nakal kuwi, sakjane ora bener. Sing bener kancil iku kewan sing pinter. Nanging menawa nemoni bebaya apa wae dheweke mesthi isa uwal, ya mung amarga pintere, wasise lan kawicaksanane. Saking pintere Kancil kerep slamet utawa uwal saka bebaya lan isa nylametake kanca-kancane saka bebaya.

*********

Ing sawijining dina, Kancil mlaku sireng-sireng dhewekan ning tengah alas Roban. Ndilalahe kok ya ndadak kepethuk Kali sing lagi banjir. Kancil katon mubeng minger nggolek cara ben isa tekan panggonan tan kena bebaya. Lagi methentheng menggalih kepiye ben isa tekan sebrang kali, dumadakan dikageti dening Baya, sing nguwasani Kali.

”Cil!!!! Piye kabarmu, apik-apik to, kok katon lemu awakmu, pakanmu apa Le, cah pinter…………….?”, kandhane Baya sok akrab ro rada meden-medeni kae.

”Wooo, apik wae Lik Baya………………….semana uga piye kabarmu, Lik?” celathune Kancil karo rada cubriya marang dheweke, atine wis krasa nek lagi ngadhepi bebaya.

”Aku kabare apik, Cil, …….ning eman, aku ki durung entuk pangan wis pirang-pirang dina iki, ora ana sing liwat ning kali iki, embuh apa dha apal pa ya nek liwat kene wedi ndhak tak brakot.

Kancil cubriyane saya gedhe lan wiwit nggolek cara ben ora kebrakot sing mbaureksa kali kuwi.

Ra let suwe ujug-ujug sikile Kancil digujengi karo Baya,”Cil, aku ngelih banget, gelem ya tak mangsa………….grrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr!”.

”Sik…sik Lik, kowe mau lak kandha nek aku rada lemu, mulakna kuwi engko ndhak marai kanca-kancamu ing kali iki dha ngamuk, amarga ora komanan awakku. Mendhing sesuk wae nek akeh brayatmu …………………”, kandhane Kancil karo nampel gujengane Baya.

Baya manggut-manggut, karo rada mangkel sajake, ”Yoh, engko tak kandhanane kanca-kancaku, ning tenan lho, aja ngapusi, tak oyak ning ngendhi wae kowe mlayu!………………”.

”Yo, Lik, tak enteni, sesuk isuk yo…………………”.

Baya lunga saka papan kuwi arep nggoleki kanca-kancane, karo ngobat-ngabitke buntute.


[ Baca Selengkapnya... ]

Jumat, 29 Maret 2013

Tokoh-tokoh ing cerita pewayangan

1. Batara Kresna

Dheweke Ratu ning Dwarawati

Putrane Prabu Basudewa, ratu ning mandura lan permaisurine sing jeneng Dewi Ugraini.

Putrane Batara Kresna :

Raden Samba lan Raden Gunadewa saka permaisuri Dewi Jembawati.

Saranadewa lan Partadewa saka permaisuri Dewi Rukmini

Setyaka dari permaisuri Dewi Setyaboma

Sitija dan Dewi Sitisundari saka permaisuri Dewi Pertiwi

Pusaka Batara Kresna : Wijayakusuma, cangkok wijayamulya, senjata Cakra.

 

2. Rama/Ramabadra/Ramawijaya

Bapa ibune : Prabu Dasarata lan Permaisuri Dewi Mulyandari/Dewi Rago ning Madyapura.

Rama ratu ning Pancawati, duwe permaisuri Dwi Sinta

Pusakane : Wijayastra

 

3. Batara Kamajaya

Wongtuwane : Batara Ismaya

Permaisuri : Dewi Kamararatih

 

4. Santanu

Wongtuwane : Prabu sandana saka hastinapura lan Dewi Santawati

Permaisurine : Dewi Gangga lan Dewi Citradewi/Setyawati

Putra-putrane : Citragada, Citrasena

 

5. Puntadewa

Wongtuwane : Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunti

Kratone : Amarta/Endraprasta

Permaisurine : Dewi Drupadi

Putrane : Pancawala

 

http://sinaujawa.wordpress.com/2009/04/16/jeneng-jeneng-ning-nggon-cerita-wayang/


[ Baca Selengkapnya... ]

Sabtu, 23 Maret 2013

Ukara Homonim, Sinonim , Antonim Bahasa Jawa

Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.

Tuladha:

- Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)

- Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)

- Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)

- Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)

Antonim / Tembung kosok balen yaiku tembung kang duweni teges walikan karo tembung liyane, tembung-tembung kang kalebu antonim iku antarane: padhang-peteng, bungah-susah, gedhe-cilik, beja-cilaka, kasar-alus, lan sapiturute.

Tuladha:

- Bab sugih mlarat iku sejatine jatahe dhewe-dhewe.

- Kali ing Kalimantan kuwi tiga rendheng banyune ajeg gedhe.

Sinonim (nunggal misah) yaiku rong tembung utawa luwih kang wujud lan panulisane beda, duwe teges padha utawa meh padha, teges sing padha persis iku langka arane, saumpama ana gunggunge, uga winates.

Tuladha:

1. a. Bocah kuwi senenge randha kemul.

b. Bocah kuwi senenge tempe goreng diwenehi glepung.

2. a. Tawangmangu iku hawane pancen adhem banget.

b. Tawangmangu iku hawane pancen atis banget.

Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.
Tuladha:
1. a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
b. Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro. cemeng = anak kucing
2. a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
b. Kowe ora perlu meri karo adhimu. meri = ewa, iri

 

http://www.siwan.16mb.com/2012/10/14/kata-bersinonim-berantonim-berhomonim-berhomograf-berhomofon-berhiponim-dan-berpolisemi.html
[ Baca Selengkapnya... ]

Jumat, 22 Maret 2013

Tuladha Cangkriman

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4 warna, yaiku:
1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung-
    tembung kang diwancah utawa dicekak.
    Tuladha:
    a. Burnas kopen : bubur panas kokopen
    b. Yu mae rong : yuyu omahe rong
2. Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang kedadean saka pepindhan utawa
    irib-iriban barang.
    Tuladha:
    a. Sega sekepel dirubung tinggi : salak
    b. Wit adhikih woh adhakah : semangka
3. Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan,
    pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati bakal
    keblendher temenan.
    Tuladha:
    a. Wong dodol tempe diwudani. Sing diwudani dudu sing dodol nanging tempene
    b. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa. Karepe nangis
4. Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing
    tembung.
    Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
    bangsa sato kadya peksi,
    sasana nunggil manungsa,
    pamboga maduning sari,
    sewara anglir raseksa,
    darbe curiga ing merdi.
    Cangkriman kang sinawung ing tembang kinanthi iku batangane : kombang


[ Baca Selengkapnya... ]

Tuladha Cangkriman

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4 warna, yaiku:
1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung-
    tembung kang diwancah utawa dicekak.
    Tuladha:
    a. Burnas kopen : bubur panas kokopen
    b. Yu mae rong : yuyu omahe rong
2. Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang kedadean saka pepindhan utawa
    irib-iriban barang.
    Tuladha:
    a. Sega sekepel dirubung tinggi : salak
    b. Wit adhikih woh adhakah : semangka
3. Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan,
    pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati bakal
    keblendher temenan.
    Tuladha:
    a. Wong dodol tempe diwudani. Sing diwudani dudu sing dodol nanging tempene
    b. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa. Karepe nangis
4. Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing
    tembung.
    Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
    bangsa sato kadya peksi,
    sasana nunggil manungsa,
    pamboga maduning sari,
    sewara anglir raseksa,
    darbe curiga ing merdi.
    Cangkriman kang sinawung ing tembang kinanthi iku batangane : kombang


[ Baca Selengkapnya... ]

urut-urutané tembang macapat

Aturan macapat:

  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
  1. Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  2. Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
  3. Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  4. Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  5. Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  6. Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  7. Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  8. Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  9. Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  10. Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  11. Pucung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

[ Baca Selengkapnya... ]

Tuladha Ukara Pitakon

Ukara Pitakon

 

Ukara pitakon yaiku ukara kang surasane njaluk katrangan marang wong liya, amarga kepingin mangerteni apa kang durung diweruhi. Ukara iki biasane diwiwiti nganggo tembung sesulih pinangka pitakon, lan dipungkasi ngganggo tandha pitakon (?).

Tembung sesulih pinangka pitakon sing baku ana warna papat, yaiku:

  • apa,
  • sapa,
  • kepriye,
  • kapan.

 

Tuladha Ukara Pitakon :

- Apa sebabe panjenengan ora sida sowan simbah, Mbak?

- Panjenengan mundhut menda punika samangke reginipun pinten, Pak?

- Kapan panjenengan olehe tindak menyang Solo?

- Kepriye kabare kanca-kanca saiki, Tin?

- Kepala sekolah nggonmu apa wis ganti maneh ta, Wan?

 

http://herjawa.blogspot.com/2010/12/ukara-pitakon.html

 

Ukara Pitakon (Kalimat Tanya)

 

Ukara pitakon ning basa Jawa biyasane nganggo tembung sapa, pira, ning ngendi, wayah apa, piye carane, kepiye, genea, apa, Arep ning ngendi ?
Mau ke mana?
Where are you going?

Wayah apa kowe arep lunga?
Kapan kamu pergi?
When do you go?

Piye kabare?
Apa kabar?
How are you?

Sapa jenengmu?
Siapa namamu?
What is your name?

Sapa sing nggawe iku?
Siapa yang membuat itu?
Who is making that?

Genea kowe ora melu?
Kenapa kamu tidak ikut?
Why do you not follow?

Sapa jenenge Bapakmu?
Siapa nama Bapakmu?
What is your father’s name?

Omah iki duweke sapa?
Rumah ini milik siapa?
Whose house is it?

Pira cacahe pitikmu?
Berapa jumlah ayammu?

Ibumu tindhak ngendi?
Kemana Ibumu pergi?
Where is your mother going?

Dina apa iki?
Hari apa ini?
What day is it?

Jam pira kowe tangi?
Jam berapa kamu bangun?
What time do you get up?
How many chicken do you have?

 

http://sinaujawa.wordpress.com/2009/03/25/ukara-pitakon-kalimat-tanya/


[ Baca Selengkapnya... ]

Rabu, 20 Maret 2013

Contoh Soal Ujian Praktik Bahasa Jawa

 

RUNGOKNA WACAN IKI NULI WANGSULANA PITAKON – PITAKON

Dumadhine Desa Gunungpati

Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing mlayu golek keslametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau, ana salah sijining nayaka praja utawa prajuritkraton kang aselisih kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah Semarang.

Kanthi numpak sapi sing sekti kang arane Pragolopati. Kiai Pati bisa uwal saka mungsuh. Mlayune nganti tekan pareden kang aman kanggo ngaso. Banjur Kiai Pati ngendika marang kabeh pandhereke. “Tlatah kene aman, subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso.”

Mula kabeh banjur mandheg lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu pandereke. “ Kepriye yen awake dhewemanggon lan urip ing tlatah kene?” “sarujuk, kiai,” wangsulane para pandherek serempak.

Kiai Pati bebarengan karo pandherek kabeh mbukak alas lan mbangun tlatah kanggo manggon. Kabeh nuli manggon bebarengan ana tlatah kono. Papan kono mau diwenehi jeneng Gunung Pati nganti saiki.

Wangsulana pitakon iki !

1. Rikala samana sapa sing perang ?

2. Sapa sing sijine nayaka praja sing mlayu ?

3. Apa karepe tembung nayaka praja iku ?

4. Menyang ngendi playune nayaka praja iku?

5. Dijenengi apa tlatah kang ditekani nayaka praja iku?

6. Sapa arane sapi kang ditumpaki kiai?

7. Kepiye wangsulane para pandhereke kiai rikala didangu manggon lan urip ing tlatah kene?

8. Apa sing di ngendikakake kiai marang pandhereke?

9. Apa kang ditindakake kiai lan para pandhereke ing ngalas?

10. Nayaka praja ngendi sing mlayu golek keslametan rikala ana perang?

 

Wacanen wacan ngisor iki khanti swara kang seru, lafal, intonasi, lan ekspresi sing mathuk!

YEN BODHO KAYA KEBO

Amarga kerep ora mlebu sekolah, Kasman sida ora lulus saka kelas enem. Kanca-kancane kabeh padha lulus. Malah saiki wis padha lungguh ana kelas siji SMP. Deweke rumangsa gela, rasane isih isin arepmbaleni ana kelas enem. “ Kowe kuwi kok terus ora gelem sekolah manehta, man? Karepmu kepriye, he? “ pitakone bapake. “ kulo taksih isin kok, pak. Kanjeng kulobadhe mlebet mbinjing emben-emben kemawon,” wangsulane kasman. “ ngono kuwi ora bener ! sing jenenge mbaleni kuwi yu kudu wiwit saiiki mlebu sekolah. Aja dumeh kowe mung kari mbaleni,” ngendikane bapake kang rada nesu. “Minggu ngenjang Pak, kulo badhe mlebet,” Kasman menehi wangsulan. Nyatane wis luwih saminggu dheweke durung gelem mlebu sekolah maneh. Bapake bali ngelingake marang anake lanang iku.

 

sumber : soal

SD NEGERI BANTARSARI 07 Cilacap Jateng

Contoh Soal Ujian Praktik Bahasa Jawa


[ Baca Selengkapnya... ]

Senin, 15 Oktober 2012

Soal Bahasa Jawa Kelas 2 SD

I. Wenehana tanda (X) ing aksara a, b, utawa c sangarepe pratelan kang bener !

1. Eyang putri saweg ….

a. dhahar

b. mangan

c. maem

 

2. Gula rasane legi yen uyah rasane ….

a. pait

b. asin

c. gurih

 

3. Putri nyilih buku ana ing ….

a. apotek

b. kantin

c. perpustakaan

 

4. Fajri ngenteni tekane sepur ana ing ….

a. terminal

b. stasiun

c. pelabuhan

 

5. Menawa mlaku ing ndalan kudu ing sisih ....

a. kiwa

b. tengen

c. tengah

 

II. Isinana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !

Wacanen crita ing ngisor iki kanthi setiti !

Petruk Dadi Ratu

Pandhawa kemalingan jimat kalimasada.

Pusaka iku didhusta dening Mustakaweni.

Sabanjure jimat kalimasada kasil direbut dening Irawan.

Jimat kalimasada dititipake marang Petruk.

Nanging direbut Adipati Karna.

Petruk ditulungi dening bapake yaiku Gandarwa.

Petruk dadi sekti mandraguna sakwise cundhuk jimat kalimasada.

Petruk bias ngalahake raja ing Nagara Rancang Kencana.

Petruk dadi ratu ing kana , lan jejuluk Prabu Wel Guduwel Beh.

 

Wacan ing nduwur kanggo ngisi pitakon nomer 11 – 15.

6. Irah – irahan crita ing nduwur yaiku …._________

7. Sing ndhusta pusaka jimat kalimasada yaiku …._________

8. Irawan bias ngrebut jimat kalimasada saka tangane …._________

9. Sakwise cundhuk marang jimat kalimasada Petruk dadi …._________

10. Jejuluke Petruk yaiku …._________

 

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener !

11. Gawenen ukara pitakon nganggo tembung ing ngisor iki!

a. Sapa = ______________________________________________________

 

b. Ngendi = ____________________________________________________

 

c. Kapan= _____________________________________________________

 

12. Sebutna 4 arane gamelan sing cara ngunekake kanthi dithuthuk!

Wangsulan : ______________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

 

13.

clip_image002

.

Gawenen crita cekak namut gambar ing sisih kiwa !

Wangsulan : ______________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

 

14. Gawenen bathangan (tebakan) manut gambar ing sisih ngisor iki!

clip_image004

Wangsulan : ______________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

 

15. Sapa bae sing kalebu Pandhawa?

Wangsulan : ______________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________

_________________________________________________


[ Baca Selengkapnya... ]